Jumat, 11 Mei 2012

Arane Wong Jawa

Arane Wong Jawa

Nguri - nguri Basa Jawa neng dunia online.
Arane Wong Jawa :
  • Perawan : bocah wadon seng dewasa durung rabi
  • Perawan Sunthi (perawan kencur) : perawan sing isih cilik
  • Perawan kasep/gendhor : perawan seng wes tuwo durung rabi
  • Jaka : bocah lanang seng diwasa durung rabi
  • Jaka Jebug : Jaka seng wes tuwo durung rabi
  • dhuda kembang : dudho enom durung nduwe anak
  • dudho kawuk : dudha seng wes tuwo
  • dudho kalung : dudho nduwe anak wadon seng bisa ngopeni
  • dhudo bangsong : dhudo seng mlarat lan anak e akeh
  • randha : wong wadon seng ora nduwe bojo
  • randha kisi : randha sing nduwe anak lanang
  • randha menter : randha panggonane sarwo apik
  • randha kasihan : randha mlarat anake akeh
  • randha keringan : randha seng sugih banda
  • randha tanggung : randha seng iseh enom 
  • randha kembang : randha seng seh enom ora nduwe anak 
  • kaki - kaki : wong lanang seng wes tuwo
  • Nini - nini : wong wadon seng di ajeni
  • Kyai : wong lanang seng di ajeni
Arane Wong Jawa, dikutip dari Pepak Basa Jawa Lengkap.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar